Pages

Sabtu, 09 Juni 2012

Contoh Cerkak ( Cerita cekak ) Basa Jawa


KEMBANG TURU  LAN TRESNA

Suruping donya wis ganti dadi esuk,suara kicau ing manuk ning dhuwur  wit cedhak omah, nangiake wong wadon sing  turu  ing kasur putih.Kamare ora rapi nanging bisa gawe penak sing duwe .Satumpuk buku-buku pelajaran ning dhuwur meja, sing membengi bar dinggo sinau dijupuk lan dilebokake ning tas.Sepasang sandal sing ana ing ngisor amben dinggo banjur mlaku liyat-liyut pinuju kamar mandi sing cedhak karo ambene.Dheweke banjur adus,ora lali nanggo sabun lan shampo.
Sakwise adus banjur metu seko kamar mandi lan nganggo seragam putih abu-abu sing anyar ketok cocok dinggo, wong wadon iku banjur mlaku pinuju kaca sing ana ing cedhak rak-rakane.Nyisiri rambute sing dawa,alus lan endah.Ora lali nganggo jepitan pita warna abang saengga nambah gawe ayune.Mbak inah sing gaweane ngrawat wong kuwi dawuhi Dinda pinuju mangan ing meja makan.
Sakwise iku, Dinda wis nganggo seragam rapi lan tas sing  kebak karo buku pelajaran musik.Kabeh keluargane wis nunggu arep sarapan bareng. Dinda banjur mangan lan langsung mangkat sekolah.Nanggo motor , Dinda nge-gas banter banget pinuju sekolahe sing cedhak karo omahe.Pak Satpam ning arep gerbang maringi aba-aba tanda gerbang wis arep ditutup.”Tunggu pak, gebange ampun ditutup rumiyin.Kula ajeng mlebu pak,Tulung bukake pak..”suwun Dinda.“kowe ki rak siswa anyar ,mangkat sekolah kok awan ngene iki.Iki ki lagi sepisanan mangkat sekolah,eh kok telat..piye nek dina sateruse.” tutur pak satpam. Dinda meneng nggolek akal supaya bisa mlebu,Dinda gawe rupa melas kaya wong telung dina ora mangan.Ngrasa mesakake pak satpam banjur mbukake gerbange.”awas yo ,nek sesuk telat maneh! Ora arep tak bukake gerbange…!” pak satpam nggrundel. Dinda langsung markirke motor trus mlebu kelase sing anyar.
Kelase apik lan mewah kanggo sekolah seni.Ruang kelase jembar  serta akeh benda –benda sing bisa gawe suara merdu kayata piano,drum,gitar listrik,gitar akustik,terompet,harmonica,biola lan sapanunggalane.Temboke dikeki ukiran gambar –gambar tembang. Pokoke kabeh serba tembang..”apa bener kowe sing jenenge Dinda Sukma  Putri???  takon bu guru . Dinda nanggepi ulas-ulas “ Ee…enggih bu..Kula Dinda Sukma  Putri.Bu guru saged nimbali  kula Dinda mawon.Kahanan opo iki,Dinda ora reti.Dinda mung bisa mikir lan nebak –nebak wae.Manapa kok bu guru iso nakoni kayo ngono. Apa amargi dinda suwi mlebu kelase apa amargi ora nggedok lawange. Apa apa???
 Lamunane rampung  sakwise bocah wadon ayu ning ngarepe ngayonke tangane ning arep rupane.”Hey..dinda…kowe ki ngapa ??apa kowe lagi loro?? Ngapa kok rupamu koyo wong sing lagi ndelok hantu gentayangan..?”  Dinda dadi kaget krungu ana hantu gentayangan “haa?? Apaa???hantu ??? hantu endi hantune ??? simbahku bisa ngusir hantu lho ..? ben tak celuke simbahku supaya hantune ditangkap..Kabeh meneng pada binggung siji lan sijine.
Sakwise kuwi kelas sing maune tenang dadi rame..” hhaahaa… Dinda Dinda..kowe ki ngomong apa ta ?? hantu ?? Jelas-jelas hantune ki kowe.. kok malah takon ,.kowe ora reti ta? Kowe ki kaya hantu.Rambutmu dawa,ireng,kulitmu putih kaya susu,ditambah bunderan ireng nang matamu.Coba kowe madhep mburi.mesti ana bolongane ..,hahaha”omong salah siji murid lanange. Dinda nutupi matane ,dheweke isin  amargi  bunderan ireng nang matane kuwi disebabake  kurang turu.Dinda kelingan membengi  turu jam siji mbengi amarga kesenengan gawe lagu aransemene .
Bu guru  nakoni Dinda “ membengi kowe turu jam pira Dinda?? kowe ora kelingan nek hari iki hari sepisanan mangkat sekolah ta ?” Dinda sing isih isin mbukak tangane sing nutupi rupa ayune.” Kula  nyuwun pangapunten bu..”Buguru maklumi wangsulane Dinda trus neruske pelajaran kepisan mau sing sempet mandhek.”Yowis..anak-anaku,sak iki bu guru pengin reti bakat kepisan kowe kabeh,mboh kuwi nari,nyanyi,mainke alat musik  terserah kowe,sing penting maju nang ngarep.”
Siswa pada maju nang ngarep nunjukake bakat sing diduweni.Bocah lanang kang perawakane dhuwur,rambut ireng,ganteng  maju nang ngarep.Slirane banjur  nari,Tangane   tengen lang kiwa  cakap madukake karo tembang rep ring ding dong ring ding dong…Tangane kaya sayap garuda sing mabur ing angkasa.sikile kaya robot modifikasi sing wis canggih,Ing pungkasan , tariane sempurna banget.Suara keplokan saka siswa laine nggelegar.. mak dheg rasane ning ati Dinda nalika wong lang kuwi mau mlaku pinuju ing ngarepe lan nepuk  pundake sing  cilik.” Saiki giliranmu,..moga sukses anggonmu maju..”Batine Dinda  rada geter kaya wong kang lagi ketaman asmara. Dinda banjur maju ning ngarep lan mulai aksine..aksine sing luar biasa.. Suara piano kang merdu..endah,,alus,,lan  tentrem.. kabeh siswa  pada larut karo suara merdune.
Ana lagu ning kalbuku,
Kuwi lagu sing nggawe aku tentrem,
Meneh lan meneh,
Aku nduwe angen,
Angenku ora bakal mandhek nang kene,
Aku percaya karo mimpiku,
Aku mung wong wadon sing duwe mimpi,
Aku percaya karo mimpiku,
swara keplok lan suraking kanca-kanca mbata rubuh.para siswa seka kelas liya pada melu ndelok lan keplok-keplok.Ana wong wadon ayu ndelok Dinda akeh iri.” Aku..ora bakal kalah karo kowe,kowe mung itik kang elek rupa sing mung sepisan untung,..namung aku pada kaya itik kang endah sing mbendina untung “Linda ninggalke kelas iku,.
~~nang kantin sekolah~~
“Wahh…penampilanmu apik banget din, suaramu merdu lan alus bisa gawe tentrem nang atiku…”omong Siska.
”Luar biasa, bakatmu luar biasa din..tanganmu trampil mencet grand piano kuwi..” tambah wong lanang keriting iku…Kamangka, Siska lan Bimbo  duwe bakat sing pada luar biasane..siska sing duwe awak apik bisa nari,..lan Bimbo sing setya karo gitare sing digawa nang ngendi-ngendi.
~~6 wulan sakwise ~~
Dinda terus terusan sinau supaya bisa ngembangke bakat sing di duweni.Bocah iku ngrasa ora puas karo kemampuane.Angene nerusake sekolah ing luar negeri yaiku Universitas Seni London gedhe banget.Nalika dina kang untung Dinda entuk pengumuman saka Ibu guru.
“Anak-anaku ,,Ibu arep ngumumake  kanggo kepirang siswa.Ibu pengin ngucapake selamat kanggo kowe kabeh,moga kowe kabeh bisa sukses..” Suasana dadi rame lan kabeh siswa dadi penasaran ..” menapa pengumumanipun ibu guru ?? Mboten sah gawe kita penasaran.” Sakwise suasana tenang ibu guru nerusake pituture mau.” Dinda,Siska,Linda,Bimbo,lan Rando entuk beasiswa sekolah Nang Universitas Seni London tanpa biaya ,kowe yo podo entuk pesangon saka pemerintah.Sak wulan mengkas kowe podo arep Ujian Akhir,ibu guru ngarep kowe bisa nampilke sing terbaik nang ngarep juri,”Kabeh kaget,sing utama kelima wong mau.Dinda kaget,Akhire angenne bisa kelakon.Mak plong rasane kaya entuk dalan nggayuh angene saksuwene iki.
Dina arep ujian akhir samsaya cedhak,Dinda sinau kanggo ujian,dheweke ora gelem gawe kuciwa wong tuwane lan kancan-kancane.Dinda wis duwe lagu sing dikarang dhewe kanggo tampil sesuk nang ngarep juri. Panggung wis disusun rapi panitia.Juri-juri wus pada manggon nang kursine dhewe-dhewe.Siswa-siswi gantian munggah panggung lan nampilke tampilan sing paling apik.Kabeh siswa ora reti sing ditampilke apik opo ora,sing penting wis usaha nampilke sing paling apik.
Saiki gilirane dinda,dheweke ngrasa gugup.Aneh.Padahal biasane ora ngrasa gugup kang gedhe banget kaya ngene.Wong saka mburi nepuk pundak Dinda,”Kowe mesthi bisa Dinda,Kowe kan wus latihan keras nganthi saiki ta ? ngapa mesthi wedi apik apa ora.lakonke sing terbaik SEMANGAT.Oke?? “ Rando mbagekake grapyak.Dinda mesem lan ngangguk “oke,, nuwun ya Ndo,penampilanmu mau apik banget lho,aku seneng karo tarianmu “ Rando sing ana ing ngarepe mung bisa ngguyu “hahhaa..ngapa mung seneng karo tarianku,,,lha nek karo aku seneng ora ??? hahaha” Dinda kaget.Dheweke ngguyu karo ngrasa isin banjur munggah panggung.
Nang donya iki , mimpi dadi wong bodho iku ora ana…Aku persembahke lagu iki kanggo wongtuwaku,guru-guruku,lan wong sing lagi wae maringi aku semangat….Dinda langsung nyanyi,.Swara gitar sing dipetik dinda kaya lagu nang surga kang bisa damai lan tentremake ati kang lagi gundah.Kabeh terpesona,kalebu juri kang ana ing ngarep.Sakwise kuwi,acarane rampung.
Akhire dina keberangkatan pinuju London wis cumepak.Nang pesawat.wong wadon nyedhaki dinda.Wanita kang duwe tatapan tajam kang bisa gawe dinda sethitik ora nyaman.”kowe mesthi ngrasa seneng ta?.saiki kowe bisa seneng sikek.Segedhe apa usahamu,kowe bakal kalah saka aku “ Dinda kaget lan mesem sethitik dipeksa  “ akuu
….akuu ora bakal kalah saka kowe..” Linda karo meseme sing sinis  mangsuli “ lakonke sing terbaik,kawan..” Meneh lan meneh,dinda digawe kaget karo wanita iku.Sikep lan tindak –tanduke sing saksuwene iki ditunjuke mung dinggo gawe aku terpacu bisa menang.Linda banjur lunga ninggalke dinda sing isih kaget.
Sakwise penerbangan puluhan jam,akhire tiba nang London.Dinda mlaku nang antara wong-wong kan lalu lalang nang bandara,Rando saka mburi ngampiri Dinda sing kabotan gawa kopere.Rando mbantu nggawakake koper gedhe iku..”piye…?perjalanane,nyenengake ta ? rando takon. “ nuwun ya Ndo,..” wangsulane dinda kang swarane nganggo nada rendah saengga rando ora bisa krungu suwarane.”nuwun wis dadi Inspirasiku sak suwene iki…” dinda neruske omongane.Wong loro kuwi mung pada ngguyu lan ngrasake isin pinuju bis kang nganter ning penginapan.
Kembang turu,Tresna,krasa bahagia umpama nduwe rasa iku.Usaha,kerja keras lan donga kang dadi utama dinda bisa nggayuh impene.Dinda reti,perjalanane ora mung mandhek ketok kene.Dheweke pengen sinau,lan nggolek pangerten apa kang sebelume ora diretini.Dinda wani duwe pangangen-angen,lan pangangen-angen kuwilah kang bisa nganterke dheweke ketok kene.






Unsur –Unsur Cerkak
v  Irah-irahan : ANGEN  LAN TRESNA
v  Basa ( gaya,style) : Ngginakaken Bahasa Jawa Ngoko,Sehari-hari
v  Tema : Impian kaliyan Ketaman asmara.
v  Alur : Maju
v  Setting
Setting panggonan      : Omah,Sekolah Seni,Bandara .
Setting suasana           : Gembira,kaget,seneng.
Setting waktu              :  Esuk lan bengi .
v  Paraga             :
1.      Dinda             
2.      Mbak inah
3.      Pak satpam
4.      Rando            
5.      Siska               
6.      Linda              
7.      Bimbo            
v  Wataking paraga
1.   Dinda              : Becik,pantang menyerah,kerja keras
2.   Mbak inah       : Becik,penyayang
3.   Pak satpam      : Becik,Seneng tetulung
4.   Rando             : Becik,Grapyak,Ceria
5.   Siska                : Becik,ceria
6.   Linda               : Sombong,Sinis,tapi nggatekake.
7.   Bimbo             : Becik, ceria

v  Budi pekerti
·         Setiap manungsa kudu duwe mimpi kang bisa dadi penyemangat utawi pacuan supaya bisa dadi sukses
·         Usaha,Bekerja keras,Donga kang dadi utama sukses.
·         Bakat manungsa iku kudu dikembangke.





5 komentar:

Unknown mengatakan...

thanks kak cerpen jawanya , buat ngumpulin tugas :D

Unknown mengatakan...

Thanks kak cerpen sangat membantu buat bikin tugas jadi gk perlu ribet lgi.

IHSAN HERMAWAN mengatakan...

mantappp mbakk. . .ijin mau dibwt drama nggeh?

Anonim mengatakan...

Cek kumpulan cerkak bahasa jawa disini juga ya gan
http://kumpulan-cerkak.blogspot.co.id

Unknown mengatakan...

pengarang nya siapa ya?

Posting Komentar